jv.wikipedia.org

Brambang - Wikipédia

  • ️Wed Dec 17 2008

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

irisan brambang

Brambang utawa bawang abang (Allium ascalonicum L.) iku jeneng tuwuhan saka familia Alliaceae lan jeneng saka umbi kang dikasilaké.[1] Umbi saka tuwuhan brambang minangka bahan utama kanggo bumbu dhasar masakan Indonésia.[1] Brambang kalebu tuwuhan sayuran.[1] Tuwuhan iki lumrahé kanggo bumbu masakan, utawa kanggo wuwuran ing masakan.[1] Masakan kang lumrahé diwuwuri brambang ya iku soto, sop, sega gandul, sega pindhang, semur,mi goreng, mi godhog, lan liya-liyané.[1] Brambang lumrahé diiris tipis, digoreng banjur diwuwurna ing masakan.[1] Nanging ati-ati yèn nggorèng brambang, amarga brambang yèn digorèng gampang gosong.[1]

Brambang iku sayuran kang ana méh ing kabéh masakan.[1] Fungsiné kanggo gawé sedhep masakan.[1] Ing kondisi Indonésia saiki, Indonésia lagi krisis ékonomi, saéngga kudu bisa ngoptimalké sumber daya alam supaya perékonomianné rikat pulih.[1] Indonésia kalebu nagara agraris.[1] Nanging saiki Indonésia malah ngimpor brambang saka manca nagara.[1] Kaanan kang kaya mengkéné ndadékaké Indonésia kudu nduwé greget kanggo ngembangaké pertanian brambang.[1]

Kembang brambang diaraniblalo, putut, ilu-ilu, menjos, gènggèk utawa klengeng, béda-béda miturut daérahé.

Brambang iku tuwuhan semusim lan nduwè umbi kang lapis-lapis.[1] Tuwuhan iki duwé oyod serabut, kanthi godhong awangun silinder mawa gronggongan.[1] Umbi kawangun saka pangkal godhong kang nyawiji lan yasa "wit" kang owah wangun lan fungsiné, dadi gedhé lan lapis-lapis.[1] Umbi brambang kawangun saka lapisan-lapisan godhong kang dadi geshé lan nyawiji.[1] Umbi brambang dudu umbi sajati kaya déné kenthang utawa tales.[1]

Brambang gorèng iku brambang kang diiris tipis lan digorèng nganggo lenga gorèng kang akèh (agung).[1] Lumrahé, masakan Indonésia kaya soto lan sup nganggo wurwuran brambang gorèng supaya luwih sedhep.[1] Brambang uga ngandhut zat pengatur tuwuh alami wujud hormon auksin lan giberelin.[1]

Brambang duwé zat kang jenengé ''tolbutamide'' [2] Brambang wis suwé dadi obat kang manjur kanggo nambani diabétes.[2] Brambang uga wis suwé misuwur ing ngèlmu kadhokteran, amarga kasiyaté kang akèh banget.[3] Saka panalitén-panalitén modhèren, nuduhaké yèn brambang nduwé daya kanggo nurunaké gula darah lan daya iku mau katemokaké ing kadar kang ana ing panganan kang ana bumbu brambangé.[2]

Para panaliti ing India nggunakaké brambang kang wis digawé jus apa déné kang isih bunder lan wutuh. Gedhéné kurang luwih 25-200 gram.[2] Saya akèh brambang kang digunakaké saya kurang kadar gula darah.[2] Ora ana bédané khasiat brambang kang isih mentah apa déné kang wis digodhog utawa digoréng.[2]

Miturut téyori kang diandharaké tim panaliti, brambang uga duwé prabawa ing metabolisme gula ing njero ati, utawa metabolisme pelepasan insulin.[2] Brambang bisa ncegah rusaké insulin.[2]"Agen" kang duwé kamampuan hipoglikemia, bisa nurunaké kadar gula darah.[2]''Agen'' iku ora liya zat aktif kang arané allyl propyl disulfide lan allicin.[2] Bukti eksperimen lan klinis nuduhaké yèn allyl propyl disulfide bisa nurunaké gula darah kanthi cara ngundhakaké “masa hidup” (lifespan) insulin.[2]

Wiwit taun 1923, para ilmuwan ndetéksi depressor gula darah ing brambang, lan ing taun 1960, para panaliti bisa ngisolasi senyawa antidiabetes saka brambang.[2] Senyawa iki cara kerjané mirib obat farmasi antidiabetes umum. Zat antidiabetes iki arané tolbutamide.[2] Zat iki kerep dienggo ngurangi kadar gula darah.[2] Cara kerjané tolbutamide ya iku kanthi ngrangsang sintésis lan ngetokaké insulin.[2] Ing panalitén, para ilmuwan nggunakaké kelinci kango percobaan.[2] Ing panalitén iki nuduhaké yèn ekstrak brambang, 77 persèn padha efektifé karo dosis standar tolbutamide.[2]

Hasil panaliten uga nuduhaké yèn brambang nduwé éfék nurunaké gula lan lemak darah.[3] Mulané dianjurké supaya nambahaké brambang ing saben masakan.[3] Ancasé supaya njaga kadar gula darah.[3] Brambang bisa digunakaké ing masakan. déné cacahé sembarang.[3]

Studi Chandalia sakanca nuduhaké yèn asupan utawaintake serat larut kang akèh bisa dicukupi kanthi konsumsi panganan alami kang akèh serat.[3] Diet tinggi serat kanthi éfék samping kang minim bisa ditindakaké wong kang nandang lelara diabétes.[2] Mulané kanggo ngundhakaké serat, penderita diabétes bisa mangan sayuran utawa woh kang akèh serat.[3]

Panganan kang akèh seraté bisa minangka diét tinggi serat.[4] Panalitén Chandalia sakanca, wujud woh koktail, jeruk seger, nanas seger, kates seger, buah persik (peach) segar, buah ceri, tomat segar, jagung, zucchini, kacang ijo, roti whole-wheat, lan ''havermout'' (oatmeal dan oat bran).[5] Utamane jeruk dan nanas, kacang ijo, lan ''havermout'' kalebu sumber serat larut.[5]

Jeneng latin Latin: Allium cepa L [4]

Jeneng Laladan: Bawang abang mirah (Acèh); Pia (Batak); Bawang abang (Palembang); Bawang sirah, Barambang sirah, Dasun merah (Minangkabau); Bawang suluh (Lampung); Bawang beureum (Sunda); Brambang, Brambang abang (Jawa); Bhabang mera (Madura); Jasun bang, Jasun mirah (BaIi); Lasuna mahamu, Ransuna mahendeng, Yantuna mopura, Dansuna rundang, Lasuna randang, Lansuna mea, Lansuna Raindang (Sulawesi Utara); Bawangi (Gorontalo); Laisuna pilas, Laisuna mpilas (Roti); Kalpeo meh (Timor); Bowang wulwul (Kai); Kosai miha; Bawa rohiha (Ternate); Bawa kahori (Tidore).[4]

Brambang lumrahé ditandur ing dataran cendhèk nganti 1300 m dpl, ing laladan kang lembab lan cukup banyuné.[4]

Minyak atsiri, sikloaliin, metilaliin, dihidroaliin, flavonglikosida, kuersetin, saponin, peptida, fitohormon, vitamin, dan zat pati.[4]

Brambang nduwé khasiat kanggo Bakterisid; ekspektoran; diuretik.[4]

  • brambang

    brambang

  • brambang sedhep

    brambang sedhep

  • brambang goréng

    brambang goréng

  • bawang bombay abang

    bawang bombay abang

  • bumbu

  • goréng bawang

    goréng bawang

  • brambang goréng énak

    brambang goréng énak

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u [1] Archived 2008-12-17 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r [2](dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
  3. a b c d e f g [3][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
  4. a b c d e f [4] Archived 2011-06-20 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 18 April 2011)
  5. a b [5] Archived 2011-04-14 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 18 April 2011)

Cithakan:Bumbon crakèn