Dinar - Wikipédia
![](https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/11/Dinar.svg/350px-Dinar.svg.png)
Dinar (utawa b. Arab: دينار dīnār) iku valuta resmi kang dipigunakaké sapérangan nagara. Ing jaman biyèn, koin dhinar mas dipigunakaké wiwit mangsa Islam kanggo kagiyatan ijol-ijolan barang utawa jasa ing wewengkon kakalifahan. Panguwasa Islam iku sajatiné nyonto dhuwit koin mas saka Kakaisaran Romawi Wétan (Bizantium), kang arané dēnārius auri.
Étimologi
[besut | besut sumber]
Tembung dīnār dijupuk saka tembung δηνάριον denarion saka basa Yunani, lan sadurungé dijupuk saka tembung dēnārius saka basa Latin.[1]
Valuta resmi
[besut | besut sumber]
Nagara-nagara kang migunakaké dhinar (utawa jeneng sing mèmper) kanggo valuta resminé, yaiku:
Nagara | Valuta | Kodhe ISO 4217 |
---|---|---|
![]() |
Dinar Aljazair | DZD |
![]() |
Dinar Bahrain | BHD |
![]() |
Dinar Irak | IQD |
![]() |
Dinar Yordania | JOD |
![]() |
Dinar Kuwait | KWD |
![]() |
Dinar Libya | LYD |
Cithakan:Country data Républik Makedonia | Denar Makedonia | MKD |
![]() |
Dinar Serbia | RSD |
![]() |
Dinar Tunisia | TND |
Gladri
[besut | besut sumber]
-
Wujud mancus utawa dhuwit emas.
Réferènsi
[besut | besut sumber]
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Dinars. |
- ↑ Oxford English Dictionary, 2nd ed., 1989, s.v. dinar; vèrsi online November 2010.