jv.wikipedia.org

Uzbèkistan - Wikipédia

  • ️Fri Jun 29 2007

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

O‘zbekiston Respublikasi
O‘zbekiston Jumhuriyati

Gendéraning Uzbekistan

Gendéra

Aditamènging Uzbekistan

Aditamèng

Motto: 
Gunagita: O`zbekiston Respublikasining Davlat Madhiyasi
Dunungpenering Uzbekistan
Kuthagara

lan Kutha paling gedhé

Tashkent
JawatbasaUzbek
PapréntahanRépublik
Kamardikan

• Banyu (%)

4,9%
Population

• Pikira-kira 2005

26.851.195 (42)

• Cacahjiwa -

-
GKK  (ITK)Pikira-kira 2005

• Gunggung

AS$45,75 miliar (74)

• Saben wong

AS$1.766 (154)
ArtacihnaSom (UZS)
Laladan wektuUTC+5

• Mangsa ketiga (AKK)

UTC+5
Kodhé bèl998
TLD internèt.uz

Républik Usbekistan (kadhangkala diéja Uzbekstan utawa Ozbekistan), jeneng resminé Républik Uzbekistan (basa Uzbek: O‘zbekiston Respublikasi utawa O‘zbekiston Jumhuriyati; Sirilik: Ўзбекистон Республикаси; basa Ruslan: Республика Узбекистан), iku nagara ing Asia Tengah, sing sadurungé minangka péranganing Uni Soviet. Nagara kanthi wewengkon sing kakurung dharatan iki wewatesan karo Kazakhstan ing sisih kulon lan lor; Kirgizstan lan Tajikistan ing sisih wétan; lan Afganistan lan Turkmenistan ing sisih kidul. Basa resmi siji-sijiné ya iku basa Uzbek, siji basa Turkik, nanging basa Ruslan tetep dipigunakaké, sisa paninggalan papréntahan Soviet. Watara 1 yuta suku Tajik, siji golongan ètnis sing isih sak rumpun karo bangsa Pèrsi, manggon ing nagara iki,[1] lan minangka 4,8% saka sing ndunungi.[2] Tembung Ozbek kawangun saka oz ("sajati/asli") lan bek ("pemimpin/bangsawan"), saéngga "Ozbek" tegesé "bangsawan" utawa "pamimpin sajati".

Wewengkon Uzbekistan wis dipanggoni wiwit milennium kaloro SM. Ana temon-temon piranti purba manungsa sarta monumen-monumen ing laladan Ferghana, Tashkent, Bukhara, Khorezm (Khwarezm, Khorasmia) lan Samarkand.

Alexander Agung naklukaké Sogdiana lan Baktria ing taun 327 SM, anggarwa Roxana, anak ketua suku Baktria. Nanging, panaklukan iki ora nulung Alexander amarga rakyat tetep nglawan, saéngga bala Alexander pungkasané kalah ing tlatah iki.

Sajeroning maabad-abad wewengkon Uzbekistan diprintah déning Kakaisaran Iran, kaya déné Kakaisaran Parthia lan Sassanian.

Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Uzbekistan.